Minggu, 15 Mei 2011

Tuku Endog
Isuk-isuk Paitun Gundul tuku endog ndik Pasar Gede.
Paitun Gundul : “Mas, endog skilo pinten?”
Bakul Endog : “Endog pitik opo endog bebek?”
Paitun Gundul : ”Endog pitik”
Bakul Endog : “yo, seng local opo seng impor?”
Paitun Gundul : ”sing local wae”
Bakul Endog : “lockale teko Suroboyo, Pandaan, Pasuruan, opo Malang?”
Paitun Gundul : ”Malang wae” (wes mulai njae.)
Bakul Endog : “Malange Dinoyo, mBlimbing, Margangsan ta Kedungkandang?”
Paitun Gundul : ”mas, sampean iku, dodol endog opo keluyuran z?”
Bakul Endog : “hehehe sepurane lho mbak, aku iki sing dodol tempe nang jejere seng dodol endog. Wonge gek metu diluk. Aku dikongkon ngejak ngobrol sing arep tuku endog. Ngenteni de’e balik.”

Berita Apik
Bapak Pailul, pasien seng wes mari diamputasi sikil tengene, polae kasus tabrak mlayu, dijenguk karo doktere.
Dokter : “sepurane Pak Pailul. Aku duwe berita apik lan berita elek.”
Pailul : “Cepet Dok, ngomongo wae…!!”
Dokter : “Berita elek’e, sebenere salah amputasi sikile Bapak. Lan berita apik’e, sikile Bapak sebenere gak usah diamputasi.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar